Senin, 30 Januari 2017

Pidato Jawa Krama tema lingkungan || Javanese Speech about environment

Lingkungan kang Kudu Dijaga
Assalamu’alaikum Wr.Wb
                Sugeng enjang Dhumateng kepala sekolah SMPN 20 Malang, Bpk. Dedi Farid Ifanul Islam ingkang dalem hormati. Dhumateng para bapak / ibu guru ingkang dalem hormati dan sadaya kanca-kanca kang kula tresnani. Monggo kita sedaya panjataken puja lan puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT kang Maha Agung ingkang sampun maringi wekdal dhumateng dalem ing dinten menika kangge pidato tentang lingkungan.
                Kita sedaya mangga sami-sami ningali lingkungan kita piyambak-piyambak, sampun ngantos ing lingkungan kita wonten sampah ingkang mboten ditempataken ing tempatipun. Supados lingkungan kita menika bersih lan sekeco dipun persani, kalian maleh ingkang paling rawan sampun ngantos selokan-selokan menika  wonten sampah-sampah ingkang mbuntetti toya ingkang ngalir kersanipun mboten banjir, mboten wonten nyamuk Aides Aigepti.
                Ingkang sakmenika dipun galakaken gencar-gencaripun pengijoan nandur uwit sak katah-katahipun sampun ngantos hutan-hutan menika dipun tebangi tanpa sebab. Sampun ngantos lingkungan kita kumuh,mboten sekeca dipun sawang, lan rusuh. Mangga kita sedaya nyonto kesregepan e wong biyen ingkang peduli dateng lingkungan.
                Ayo kanca-kanca lingkungan sekolah e dewe podo dijogo kebersihan e  ojo nganti ono sampah sing kececeran. Ayo nandur taneman ing halaman sekolah  sing wes disediakne karo kepala sekolah lan bapak/ibu guru
                Cekap semanten wejangan dalem, monggo kita lestarikan lan dijaga terus lingkungan kita. Menawi dalem wonten lepat-lepatipun ucap dalem, dalem nyuwun pangapunten ingkang agung.

Wassalamualaikum Wr Wb

0 komentar:

Posting Komentar